19 Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.
Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.
Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”
Malaekat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lan kowe padha dakwartani kabungahan gedhe, kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh:
Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”
Sarehne kita padha duwe Imam Agung kang pinunjul, kang wis sumengka nratas nglangkungi sakehing langit, yaiku Gusti Yesus, Putraning Allah, mulane kita padha ngantepana ing sahadat kita.