Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:17 - Kitab Sutji

17 tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:17
38 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia, wong Tisbe ing wewengkon tanah Tisbe-Gilead, banjur munjuk marang sang Prabu Akhab: “Demi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, Gusti Allahipun Israel ingkang kawula ladosi, lah badhe boten wonten ebun utawi jawah ing taun-taun punika, kejawi manawi kawula nglairaken tembung kawula.”


Nabi Elia mangsuli unjuke: “Sanes kawula ingkang damel cilakaning Israel, nanging panjenengan dalem punika saha kulawarga dalem, sabab panjenengan dalem sampun sami nilar dhawuh-dhawuhipun Pangeran Yehuwah saha panjenengan dalem punika sampun ngetut wingking para Baal.


Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Nabi Elia: “Sira bisa ketemu kalawan ingsun ta saiki, he mungsuhingsun?” Atur wangsulane: “Inggih, pancen sapunika kawula pinanggih kaliyan panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun ndadosaken sarira dalem dados budhak kanthi patrap nglampahi punapa ingkang awon wonten ing paningaling Sang Yehuwah.


Nabi Elia nuli matur marang Sang Prabu: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ing sarehne sira wus kongkonan njaluk pituduh marang Baal-Zebub, allah ing Ekron, kaya-kaya ing Israel ora ana Allah kang kena kasuwunan pitedahe, mulane sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon, kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”


Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Eyang Abraham, Iskak saha Israel, para leluhur kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nglestantunaken manahipun umat Paduka ingkang kados makaten punika sarta manahipun mugi tansah Paduka adhepaken dhumateng Paduka.


Sang Prabu Hizkia lan rakyat kabeh padha asuka-rena marga saka apa kang wus katetepake dening Gusti Allah kanggo bangsa iku, awit bab iku kalakone ora kanyana-nyana.


Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken. Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling,


Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.


apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.


para wong kang pikirane kesasar, bakal padha oleh pangreten, lan para wong kang grundelan bakal padha tampa piwulang.”


“Kang iku, he Israel, sira bakal padha Sunpatrapi kang kaya mangkono iku. Sarehne Ingsun bakal nandukake kang mangkono iku marang sira, mulane, he Israel, sira padha tata-tataa bakal sowan marang Allahira!”


Sarta, manawa kowe padha gelem nganggep mangkono, iya dheweke iku Elia kang bakal teka.


Jalaran Nabi Yokanan ngengetake Sang Prabu: “Boten kenging panjenengan dalem mundhut garwa Sang Putri Herodhias!”


Dene satemene iya Nabi Yokanan iku kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene: “Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangeran, lurung-lurunge padha lencengna.”


Nabi Yokanan iku pangagemane kang kagawe wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas.


Apadene bakal njalari akeh wong Israel padha mratobat marang Pangeran, Allahe,


Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,


kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.


Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah.”


Kowe dhewe padha dadi seksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki dudu Sang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecala ana ing ngarsane.


Awit saking punika kula enggal-enggal kengkenan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, badhe mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng panjenengan.”


mangka iku malah kagem ngatingalake anggone sugih kamulyan marang para kang minangka wadhahing sih-piwelase, kang wis cinadhangake marang kamulyan?


Sabanjure padha saosa sokur kanthi bungah marang Sang Rama, kang wus memantes marang kowe bisane kapanduman apa kang wus katamtokake tumrap marang para suci kang ana ing kratoning pepadhang.


Wong kang nucekake awake saka ing piala, iku bakal dadi praboting omah kang wigati, disucekake, dianggep pantes dianggo ing lurahe lan dicawisake kanggo saben pagawean kang mulya.


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.


Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh lan ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


Nabi Samuel banjur ngandika: “Wong Israel padha kumpulna kabeh ana ing Mizpa; dene aku bakal ndongakake kowe marang Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan