15 Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.
Nanging kang rama ora karsa, pangandikane: “Aku wus weruh engger! Iya wus weruh aku; iku iya bakal dadi bangsa lan gedhe pangwasane, ewasamono adhine bakal ngungkuli kakangne, lan turune adhine bakal dadi golonganing bangsa kang gedhe.”
Ingsun wus nunggil kalawan sira ana ing sakehe panggonan kang sira ambah lan wus nyirnakake sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun bakal damel jenengira kaya jenenge para wong agung kang ana ing bumi.
Amargi kasugihan saha kamulyan punika pinangkanipun saking Paduka saha Paduka ingkang nguwaosi samukawis; kakiyatan saha kaunggulan punika wonten ing asta Paduka; Paduka ingkang ngasta pangwaos ngagengaken saha nyantosakaken samukawis sadaya.
“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”
Nanging padha mangsuli: “Kula sami boten ngombe anggur, amargi Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, sampun meling dhateng kula sadaya makaten: Kowe lan saanak-anakmu kabeh aja padha ngombe anggur ing salawas-lawase,
“Sira dalah anak-anakira aja padha ngombe anggur utawa sadhengah inuman keras, samangsa sira padha lumebu ing Tarub Pasewakan, supaya sira aja nganti padha nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase turun-tumurun,
Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal ngayomi umate, temah iku bakal nyirnakake lan ngidak-idak watu-watu bandhil. Bakal padha ngombe getih kaya anggur, lan padha dadi kebak kaya bokor siraman, kaya pojok-pojoking misbyah.
Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong kang kalairake dening wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nanging kang cilik dhewe ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dheweke.”
Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.
Ing dina iku Pangeran Yehuwah ngluhurake asmane Sang Senapati Yusak ana ing ngarepe wong Israel kabeh, temah ing sajege gesang winedenan, kaya anggone wedi marang Nabi Musa.