Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 1:13 - Kitab Sutji

13 Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 1:13
27 Iomraidhean Croise  

Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana.


Nanging pangandikane Gusti Allah: “Ora, sanyata somahira Sara bakal nglairake anak patutan saka sira, iku sira jenengna Iskak, karo Iskak iku Ingsun bakal nganakake prajanjianingSun dadi prasetyan kanggo marang turun-turune.


Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”


Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.


Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya!


Kawula ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, margi Paduka sampun nyembadani panyuwun kawula sarta Paduka sampun dados karahayon kawula.


Sawuse mangkono aku tumuli nyedhaki bojoku; dheweke banjur ngandheg lan nglairake anak lanang. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Iki jenengna: Maher-Syalal Khasy-Bas,


Aku banjur dipangandikani mangkene: “Aja wedi, Dhaniel, amarga wiwit dina kapisan anggonmu nduweni niyat kapengin oleh pangreten lan anggonmu ngasorake awakmu ana ing ngarsaning Allahmu, panyuwunanmu wus katrimah, dene anggonku teka iki iya marga saka panyuwunanmu iku.


Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Yizreel, awit sadhela engkas Ingsun bakal ngukum kulawargane Yehu, marga utang getih ing Yizreel lan Ingsun bakal mungkasi karajan Israel.


Wong wadon mau nuli ngandheg maneh sarta banjur duwe anak wadon; Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Lo-Rukhama, awit turune Israel bakal ora Sunwelasi maneh, lan babar pisan ora bakal Sunapura.


sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”


Ananging malaekat mau ngandika marang wong-wong wadon mau: “Kowe aja padha wedi, sabab aku ngreti, kowe padha nggoleki Gusti Yesus kang disalib iku.


Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana ing kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.


Iku bakal ndadekake bungah lan renamu, apadene akeh wong kang bakal bungah marga saka laire bocah mau.


Malaekat nuli ngandika: “Aja wedi, Maryam, awit kowe oleh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangeran.


Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.


Dumadakan wonten satunggaling priya jumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipun gumilap ingkang lajeng ngandika: Kornelius, pandongamu wis dipiyarsakake dening Gusti Allah lan sedhekahmu wis kaengetan ana ing ngarsaning Allah.


Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Gidheon: “Tentrem rahayu anaa ing sira. Aja kuwatir, sira ora bakal mati.”


Lan Sang Yehuwah nggalih marang Hana, satemah ngandhut lan nglairake anak lanang telu lan wadon loro maneh. Ing wektu samana wong anom Samuel saya mundhak gedhe ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan