Mung aku dhewe, Dhaniel, kang ndeleng wahyu iku, wong liyane kang padha bebarengan karo aku, padha ora sumurup; mung bae iku padha ketaman ing pagiris kang banget, satemah padha lumayu ndhelik;
Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.
Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika: “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,
Ing kono Gidheon mangreti, yen iku mau Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, sarta banjur munjuk: “Adhuh, cilaka kawula, dhuh Pangeran Yehuwah, amargi kawula kok ngantos ningali aben-ajeng kaliyan Sang Malaekatipun Pangeran Yehuwah.”