Dupane tumuli ditumpangna ing geni ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti kukuse dupa nglimputana tutup pangruwatan kang ana ing dhuwure angger-anggere Gusti Allah, supaya Harun aja nemahi pati.
Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.
Malaekat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lan kowe padha dakwartani kabungahan gedhe, kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh:
Lan Malaekate Sang Yehuwah nuli ngetingali marang wong wadon mau sarta iku dipangandikani mangkene: “Lah sira iku pancen gabug, ora duwe anak, nanging sira bakal ngandhut sarta duwe anak lanang.
Gusti Allah banjur nyembadani panyuwune Pak Manoakh, dene Malaekate Sang Yehuwah banjur manggihi wong wadon iku maneh, nalika lagi lungguh ana ing pategalan, nanging Pak Manoakh lakine pinuju ora ana ing kono.