9 Lakune dakkantheni Onesimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha martakake marang kowe samubarang kabeh kang kalakon ana ing kene.
Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.