Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOLOSE 3:9 - Kitab Sutji

9 Aja nganti kowe padha goroh-ginorohan maneh, marga kowe wus padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahe,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOLOSE 3:9
16 Iomraidhean Croise  

Wong kang bener iku sengit marang goroh, nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.


Panjenenganipun rak sampun ngandika: “Iku sanyata umatingSun, putra-putra kang ora bakal tumindak culika,” mila Panjenenganipun dados Pamartanipun


Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.


yaiku kekarene Israel iku. Iku bakal ora padha tumindak ambek siya lan ora ngucapake goroh, sarta ing cangkeme ora tinemu ilat kang cidra; awit bakal padha kaya wedhus gembel kang nyenggut lan mlegung, sarta ora ana kang gawe kagete.”


Iki prakara-prakara kang kudu sira tindakake: Sawiji-wijining wong ngucapa kang bener marang pepadhane, lan netepana angger-angger ing sabenere kang njalari tentrem ana ing gapura-gapuranira.


Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.


Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.


yaiku manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake,


Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.


Nanging saiki kabeh mau buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung saru kang kawetu saka cangkemmu.


wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,


Nanging sabarang kang najis ora bakal bisa mlebu mrono, uga wong kang nglakoni kanisthan, tuwin para cidra; nanging mung wong-wong kang jenenge padha katulisan ing kitab kauripan kagungane Sang Cempe.


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan