KOLOSE 3:4 - Kitab Sutji4 Yen Gusti Kristus kang dadi urip kita iku ing tembe ngatingal, kowe iya bakal padha ndherek ngaton kalawan Panjenengane ana ing kamulyan. Faic an caibideil |
Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.
nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Wondene gesang kula ingkang kula sandhang ing daging sapunika, punika gesang margi saking pitados dhumateng Putraning Allah ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun kangge kula.