Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOLOSE 3:2 - Kitab Sutji

2 Padha nggatekna prakara kang ana ing ngaluhur aja kang ana ing bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOLOSE 3:2
20 Iomraidhean Croise  

Mulane saiki, atinira lan nyawanira udinen supaya padha ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira padha miwitana anggonira yasa pasucening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, supaya pethi prajanjianing Sang Yehuwah lan prabot suci kagunganing Allah kena kagawa lumebu marang ing padaleman kang kaedegake kagem asmaning Sang Yehuwah.”


Sarta maneh marga saka tresnaningsun marang padalemaning Allahingsun, minangka wuwuhe sakehe barang kang wus suncawisake kanggo dalem pasucen, iki ingsun iya nyaosake marang padalemaning Allahingsun emas lan salaka kagunganingsun piyambak


Satemene wong asor iku mung angin, para wong kang mulya iku mung pagorohan; yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur, amarga luwih entheng katimbang angin.


“Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari, bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.


marga yen kokwaspadakake, banjur sirna, awitdene iku dumadakan nganggo swiwi kaya manuk garudha kang banjur mabur ing akasa.


Manawa pinuju begja dieling, yen dina kacilakan iku dianakake dening Gusti Allah kayadene dinaning kabegjan, supaya manungsa ora bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon.


Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”


“Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong.


Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”


Dadi, manawa kowe ora tumemen ing bab Mamon, kang ora temen iku, sapa kang bakal mitayakake barang kang sanyata marang kowe?


Aku kapetek dening rong prakara: Aku kapengin lunga lan nunggal karo Sang Kristus – iku pancen luwih dening becik;


Marga saka iku yen kowe wus padha ndherek katangekake kalawan Gusti Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristus ing satengene Gusti Allah.


Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan