Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOLOSE 2:3 - Kitab Sutji

3 sabab ana ing Panjenengane sumimpene raja-brana kawicaksanan lan kawruh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOLOSE 2:3
21 Iomraidhean Croise  

Bareng wong Israel kabeh krungu putusaning pangadilan kang diparingake dening Sang Prabu, kabeh banjur padha wedi marang Sang Prabu, amarga padha sumurup, manawa panjenengane kadunungan kawicaksananing Allah kagem nindakake pangadilan.


Iku sinamar tumrap mripate wong urip, malah uga sinamar tumrap manuk ing awang-awang.


manawa iku kokupaya kaya golek salaka, lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem,


Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah;


Pangeran Yehuwah mundhut pitedah marang sapa supaya kagungan pangretosan, lan sapa kang nyaosi piwulang marang Sang Yehuwah ing bab nindakake pangadilan, utawa sapa kang nyaosi piwulang bab kawruh marang Panjenengane lan nyaosi pitedah supaya Panjenengane tumindak kalawan pangretosan?


Mulane wong iku aja padha kokwedeni, awit ora ana barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikake, kang bakal ora kaweruhan.


Mulane kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakal ngutus para nabi lan para rasul, marang wong-wong iku, sarta panunggalane iku ana saparo kang bakal dipateni lan kang dianiaya.


Wah, saiba agunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithane Gusti Allah! Kabeh putusane pranyata ora kena jinajagan, sarta kabeh tindake ora kena katlusur.


nanging tumrap para kang katimbalan, wonga Yahudi, wonga kang dudu wong Yahudi, Sang Kristus iku dadi kakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah.


Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,


kang wus diluberake marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangreten.


Marga kawontenane Allah ing sawetahe kepareng dedalem ana ing Panjenengane,


Iya Panjenengane iku kang dakwartakake samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong bab sarupane kawruh kanggo nuntun saben wong marang kasampurnan kang ana ing Gusti Kristus,


Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,


Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


Sabab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus, ana ing Gusti Allah.


Iya marga saka iku kowe padha kudu mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan ing kawruh,


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan