Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOLOSE 2:1 - Kitab Sutji

1 Amarga karepku, supaya kowe padha sumurupa, sapira abote perang kang daktindakake kanggo kowe lan para wong kang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapa bae kang durung tau weruh marang pribadiku tata lair,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOLOSE 2:1
18 Iomraidhean Croise  

Rakhel tumuli ngucap: “Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulane bocahe mau dijenengake Naftali.


Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.


Apadene saiki aku sumurup, yen kowe bakal padha ora weruh aku maneh, kowe kabeh kang wus padha dakparani dakwartani bab Kratoning Allah.


Kabeh padha susah apa maneh marga ana pangandikane, yen bakal padha ora sumurup marang pasuryane maneh. Nuli padha nguntapake panjenengane menyang ing prau.


He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.


padha tarung kaya kang wus kokdeleng biyen ana ing aku, lan kang saiki kokrungu mungguh ing aku.


Saiki aku bungah dene aku ketaman sangsara kang marga saka kowe, lan aku kang ngganepi ana ing dagingku kakuranganing sangsarane Gusti Kristus tumrap ing sarirane, yaiku pasamuwan.


iku kang dakprasudi lan daktempuh kalawan sakabehing kakuwatan laras karo panguwasane Gusti kang makarya ana ing aku kalawan kuwat.


Sabab sanadyan aku dhewe ora ana ing tengahmu, nanging ana ing sajroning roh aku lan kowe padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi tumataning uripmu lan kasantosaning pracayamu marang Gusti Yesus.


Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.


Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.


Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan