Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOLOSE 1:9 - Kitab Sutji

9 Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOLOSE 1:9
35 Iomraidhean Croise  

Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula, margi dhawuh pepenget-pepenget Paduka kawula gilut-gilut.


Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka punika Gusti Allah kawula! Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin.


Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.


Iya kaya mangkono iku anggone Rasul Petrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan nrentheng ndongakake panjenengane marang Gusti Allah.


Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.


Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wis padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh,


kang wus diluberake marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangreten.


lan titi-priksanen apa kang dadi keparenging Gusti.


Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.


aja mung manawa ana ing ngarepe bae kanggo nyenengake atining wong, nanging dikaya abdine Sang Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakake karsane Gusti Allah,


Lan saben aku ndongakake kowe kabeh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah.


kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.


Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.


Tumindaka kanthi sakehing kawicaksanan tumrap wong jaba, sarta padha nggemenana wektu.


Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.


Aja kendhat anggonmu ndedonga.


Awit saka iku aku kabeh tansah padha ndedonga, uga kanggo kowe kabeh, supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada tumrap ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu arep nindakake kabecikan sarta karsaa nyampurnakake sakehe panggawening pracayamu,


Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngelingi kowe sajrone pandongaku,


Lan aku ndongakake, supaya anggonmu padha tunggal pracaya iku sabiyantu nuju marang kawruh kang utama ana ing antara kita kagem Sang Kristus.


Sabab kowe butuh sabar mantep, supaya sawuse kowe nglakoni karsane Gusti Allah, padha oleha apa kang wis kaprasetyakake.


muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.


Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.


Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.


Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.


supaya wektu kang isih ana, aja kokanggo nuruti kepencuting manungsa, nanging mituhu marang ing karsaning Allah.


Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawase.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan