“Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?
Wangsulane bandarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua ngrasakake kamuktening bandaramu.
Iya iku mulane aku banjur kongkonan Timoteus anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti, dakkon nemoni kowe. Iku kang bakal ngelingake kowe bab lakuku ana ing Sang Kristus Yesus, kaya kang dakwulangake ana ing ngendi-endi ing saben pasamuwan.
Saiki bab para prawan. Aku ora oleh dhawuh saka Gusti tumrap iki. Nanging aku nglairake panemuku kayadene wong kang kena dipracaya, awit saka palimirmane Gusti Allah kang daktampa.
Mung bae dakkira prelu aku kongkonan Epafrodhitus marang kowe, yaiku sadulurku lan kanca nyambut-gawe sarta kancaku perang, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.
Salam saka Epafras marang kowe, dheweke asline saka ing antaramu, iku abdine Gusti Kristus Yesus, kang tansah ngganter anggone ndongakake kowe, supaya kowe tetep tanggon, kayadene wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsane Gusti Allah.
Lakune dakkantheni Onesimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha martakake marang kowe samubarang kabeh kang kalakon ana ing kene.
Manawa sadulur-sadulur kita padha kokelingake marang bab-bab iku, kowe bakal dadi paladene Sang Kristus Yesus kang becik, kang kagulawenthah ing bab-bab lakuning pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik-becik kang wus kokleluri nganti saprene iki.
Apa kang wus kokrungu saka aku ana ing sangarepe seksi akeh iku pitayakna marang wong-wong kang padha bisa dipracaya, kang uga bisa mulang marang wong liya.
Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.