KOLOSE 1:5 - Kitab Sutji5 kagawa saka pangarep-arep marang apa kang wus digadhangake marang kowe ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurunge wus kokrungu saka ing Pangandikaning kayekten yaiku Injil, Faic an caibideil |
Sarehne panjenengane mirsa, yen warganing Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaning Pradata Agama: “Para sadherek, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ing ngarsaning Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.”
Nanging bareng aku ngreti tumindake iku ora cocog karo kayektene Injil, aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepe wong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdene tiyang ingkang boten tepang kaliyan Gusti Allah tuwin boten kados tiyang Yahudi, kadospundi dene panjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?”
Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging – lan iki pancen iya nyata mangkono – kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.