Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 9:3 - Kitab Sutji

3 Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 9:3
30 Iomraidhean Croise  

Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,


Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun ora bakal numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.


mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.


Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah, lan padha karubung ing set.


Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku: Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.


Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.


Sami ngangen-angen tindak culika: “Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.” Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika!


Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane, dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine.


Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin,


apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake.


Mripate wong kang kadunungan kawicaksanan iku dumunung ana ing sirahe, dene wong bodho iku lumaku ana ing pepeteng, nanging aku uga sumurup, manawa loro-lorone ngalami nasib kang padha.


Luwih becik lumebu ing omah kang kasusahan tinimbang lumebu ing gedhong kang kanggo pista, awit ana ing omah kang kasusahan iku wekasaning saben manungsa: wong urip prayoga ngelingi bab iki.


Kang dakudi iku bisane mangreti, niti-priksa lan ngupaya kawicaksanan lan kakenthelaning pamikir, lan bisane nyumurupi, manawa duraka iku bab kang gemblung lan tanpa pikiran iku edan.


Sarehne paukuman tumrap panggawe ala ora enggal-enggal kaetrapake, atining manungsa banjur kebak kekarepan ala.


Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.


Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.


Nanging sapa kang kagolong wong urip, iku duwe pangarep-arep, awit asu kang urip iku luwih becik katimbang karo singa kang mati.


Lan sira dhewe wus padha nglakoni kang alane ngluwihi leluhurira! Lah sira wus nuruti tekade atinira kang ala, sarta ora ngrungokake dhawuhingSun.


Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”


Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa bae, atine wis kaya watu: sapa kang bisa nyumurupi kaanane?


Banjur eling marang kaanane, mangkene panggagase: Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan mubra-mubru, mangka aku ana ing kene mati kaliren.


Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakake tumrap Gusti Yesus.


Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.


Wonten ing papan-papan pangibadah kawula asring nganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawula peksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun, punapadene margi saking sanget muntabing manah kawula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ing nagari-nagari manca.”


Bareng Rasul Paulus ngaturake bab iku mau kabeh minangka panjawab, Sang Festus banjur ngandika kalawan sora: “Kowe iku owah, Paulus! Kawruhmu kang akeh iku njalari kowe banjur edan.”


Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.


Nanging Bileam kawelehake kalawan keras marga saka tumindake kang ala iku, jalaran kuldi momotan kang ora bisa guneman banjur calathu kaya manungsa, sarta nyegah kabodhoane nabi iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan