Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 9:2 - Kitab Sutji

2 Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 9:2
22 Iomraidhean Croise  

supaya kowe sumpah demi Sang Yehuwah Allahe swarga lan bumi ana ngarepku kene, yen anakku ora bakal kokgolekake sisihan saka panunggalane bocah wadon anake wong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,


Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku: Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.


Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung, manawa aku meruhi kabegjane wong duraka.


Awit kang kaparingan kawicaksanan, kawruh lan kasenengan iku wong kang dadi keparenging panggalihe, nanging wong dosa iku kaparingan kuwajiban nglumpukake lan numpuk barang-barang, kang ing tembe kudu diwarisake marang wong kang dadi keparenging Allah. Iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.


Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah.


Sanadyan uripe sewu taun ping pindho, manawa ora ngrasakake kasenengan, apa samubarang kabeh iku ora ngener marang panggonan siji?


Prayogane kang siji gondhelana, sijine aja kokeculake, amarga wong kang wedi marang Gusti Allah iku ora bakal ketaman ing loro-lorone.


Luwih becik lumebu ing omah kang kasusahan tinimbang lumebu ing gedhong kang kanggo pista, awit ana ing omah kang kasusahan iku wekasaning saben manungsa: wong urip prayoga ngelingi bab iki.


Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.


Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.


para wong lanang, para wong wadon, bocah-bocah para putrane putri Sang Prabu lan sadhengah wong kang padha ditinggal dening Nebuzaradan, panggedhening bala pengawal, kanggo Gedalya bin Ahikam bin Safan; mangkono uga Nabi Yeremia lan Barukh bin Neria.


Mulane wong sembrana dakarani rahayu, dene kang nglakoni duraka iku padha begja, sanadyan nyoba marang Gusti Allah, iya padha bisa oncat.”


Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Bareng rakyat tekan ing alas mau, katon ana madu mili ana ing kono, nanging ora ana wong siji-sijia kang ndulit srana drijine lan banjur kacecep, amarga rakyat iku padha wedi marang supatane mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan