Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 9:1 - Kitab Sutji

1 Kabeh iku lugune wus dakgilut-gilut ing sajroning atiku, wus daktitipriksa, yaiku manawa para wong mursid lan para wong wicaksana iku dalah sapanggawene, apa katresnan apa sesengitan, padha ana ing astaning Allah, manungsa ora sumurup samubarang kang bakal kelakon tumrap dheweke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 9:1
31 Iomraidhean Croise  

manawa nyawane kabeh kang kumelip lan napase saben manungsa iku dumunung ana ing astane?


Sabenere kowe kabeh wus padha nyumurupi dhewe; yagene kowe padha mikir kang ora-ora?


Nanging yen aku mesthi ngupaya Gusti Allah, sarta mitayakake prakaraku marang Pangeran,


Paduka pancen mirsa, awit Paduka nguningani kasisahan tuwin sakiting manah, Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak, tiyang apes sumendhe ing Paduka, Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.


Kawula tansah ngetohaken nyawa kawula, ewasamanten kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.


Paduka badhe ngluwari kawula saking kala, ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula, amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.


Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung, manawa aku meruhi kabegjane wong duraka.


Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.


Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin,


Wong bodho iku akeh rembuge, sanadyan wong ora sumurup apa kang bakal kelakon, lan sapa ta kang bakal nyumurupake apa kang bakal kelakon ing sapungkure?


Ing sajroning uripku kang tanpa guna iki aku nyumurupi prakara warna-warna, kayata: ana wong mursid kang tiwas ing sajroning kamursidane, ana wong duraka kang uripe suwe ana ing sajroning pialane.


Kang dakudi iku bisane mangreti, niti-priksa lan ngupaya kawicaksanan lan kakenthelaning pamikir, lan bisane nyumurupi, manawa duraka iku bab kang gemblung lan tanpa pikiran iku edan.


Ana sawijining prakara kang tanpa paedah kang kelakon ana ing bumi: ana wong mursid kang padha tanpa pituwas kang pantese kanggo wong duraka, lan ana wong duraka kang padha tanpa ganjaran kang pantese kanggo wong mursid. Aku kandha: “Iki iya tanpa guna!”


Nalika aku ngudi bisane nyumurupi kawicaksanan lan ndeleng ributing manungsa ing bumi anggone nindakake pagawean rina wengi tanpa ngliyep,


Sanyata, manungsa iku ora sumurup apa kang bakal kelakon, awit sapa ta kang nyumurupake kapriye bakal kelakone?


Katresnane utawa sengite lan kumerene wus ilang suwe tuwin ing salawase wus ora duwe bagean maneh tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit.


Dhuh Yehuwah, kawula sami Paduka cawisi tentrem rahayu, amargi samubarang ingkang kawula lampahi, sadaya sami Paduka tindakaken kangge kawula sadaya.


para wong lanang, para wong wadon, bocah-bocah para putrane putri Sang Prabu lan sadhengah wong kang padha ditinggal dening Nebuzaradan, panggedhening bala pengawal, kanggo Gedalya bin Ahikam bin Safan; mangkono uga Nabi Yeremia lan Barukh bin Neria.


Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, – punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.


Iya iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku nganti tumeka ing Dinaning Pangeran.


Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kowe padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.


Jangkahe wong kang kinasihan diayomi, nanging wong duraka bakal mati lebur ana ing pepeteng. Amarga panguwasaning wong ora saka karosane dhewe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan