Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 8:4 - Kitab Sutji

4 Awit pangandikaning ratu iku kwasa; sapa ta kang bakal munjuk ana ing ngarsane: “Panjenengan dalem nglampahi punapa?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 8:4
18 Iomraidhean Croise  

Ewadene dhawuhe Sang Prabu kapeksa kudu diestokake dening Senapati Yoab lan para senapati liyane. Senapati Yoab lan para senapati liyane nuli padha mangkat nindakake dhawuhe Sang Prabu, nganakake pendhaftaran ana ing antarane bangsa Israel.


ing dina iki aku bakal nindakake apa kang wus dakjanjekake marang kowe demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kalawan sumpah mangkene: Putramu Suleman bakal dadi ratu sawuse aku, sarta iya dheweke kang bakal nglungguhi dhamparku, nggenteni aku.”


Sang Prabu Suleman nuli masrahake bab iku marang Sang Benaya bin Yoyadha, kang iya banjur nempuh marang Pangeran Adhonia dadi lan sedane.


Sang Prabu banjur paring dhawuh marang Benaya bin Yoyadha; Benaya nuli mundur, Simei ditigas nganti mati. Kaya mangkono karajan iku dadi santosa ana ing astane Sang Prabu Suleman.


Sang Tatnai, bupati ing sabrange kulon bengawan Efrat, Syetar-Boznai lan sakanca-kancane banjur iya padha nglakoni kanthi nastiti miturut sadhawuhe Sang Prabu Dharius.


Manawa Panjenengane ngrebat apa-apa, kang ngalang-alangi sapa? Sapa kang munjuk: Punapa ingkang Paduka tindakaken punika?


Sang Raja ing Mesir banjur nimbali bidhan-bidhan mau sarta padha didangu: “Yagene sira tumindak mangkono, isih nguripi bayi-bayi iku?”


Dukaning ratu iku kaya panggerone singa anom, nanging kabecikane iku kaya ebun kang tumiba ing pasuketan.


Dukaning ratu iku kayadene panggerone singa nom, sing sapa nenangi dukane iku mbebayani tumrap awake.


Jago kang angkuh, utawa wedhus lanang, lan ratu kang tindak ing ngarepe kawulane.


Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”


Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”


Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan