1 Sapa ta kang madhani wong wicaksana? Lan sapa kang sumurup marang katranganing saben prakara? Kawicaksananing manungsa ndadekake sumoroting raine lan gawe lilihing serenge ulate.
Wangsulane lurah sakarone: “Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangake tegese.” Ature Yusuf marang wong-wong mau: “Ingkang nerangaken impen punika rak namung Gusti Allah? Sumangga, impen wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!”
Manawa wong Israel ndeleng kuliting pasuryane Nabi Musa mencorong, Nabi Musa banjur nutupi pasuryane maneh nganti panjenengane lumebet ngadhep perlu imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.
iya Panjenengane iku kang mbuka bab-bab kang ora kinira-kira lan kang samar; Panjenengane nguningani apa kang ana ing pepeteng, apadene pepadhang dumunung ana ing Panjenengane.
Sang Prabu ngandika marang Dhaniel: “Sanyata Allahira iku Allah kang ngluwihi sakehing allah lan kagungan pangwaos tumrap sakehing ratu sarta narbuka wewadi-wewadi, sabab sira wus bisa narbuka wewadi iku.”
Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.
Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.
Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.
nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.