Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas! Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”
Iku padha maju perang, nempuh ing wayah tengange, nalika Sang Prabu Benhadad lagi unjuk-unjukan nganti wuru ana ing pakuwone, bebarengan karo para ratu kang padha mbiyantu kang cacahe telung puluh loro mau.
Manawa wus padha krasa sumuk, Ingsun bakal nyawisi bujana, bakal Sunendemi supaya mumet, lan banjur ambruk ing salawas-lawase, sarta ora bakal bisa tangi maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Ingsun bakal ngendemi para pangarepe, para wonge kang wicaksana, para bupatine, para panggedhene lan para prawirane, temah padha ambruk keturon ing salawas-lawase, ora bakal tangi maneh. Mangkono pangandikane Sang Nata, kang asmane: Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.
Saulihe Abigail tekan ing panggonane Nabal, lah wonge lagi nganakake bujana ing omahe wis kaya bujananing raja. Nabal bungah-bungah nganti mendem kepati, mulane kang wadon ora martani sakecap-kecapa, nganti tumeka byar esuk.
Wong mau banjur nuduhake dalane marang Sang Dawud mrana, lan tinemu para wong iku pating prenca ing saindenging tanah kono, lagi padha mangan lan ngombe sarta padha nganakake pista, amarga saka akehe jarahan anggone ngrayah ana ing tanah Filisti lan Yehuda.