Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 7:2 - Kitab Sutji

2 Luwih becik lumebu ing omah kang kasusahan tinimbang lumebu ing gedhong kang kanggo pista, awit ana ing omah kang kasusahan iku wekasaning saben manungsa: wong urip prayoga ngelingi bab iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 7:2
29 Iomraidhean Croise  

Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.


Mripate wong kang kadunungan kawicaksanan iku dumunung ana ing sirahe, dene wong bodho iku lumaku ana ing pepeteng, nanging aku uga sumurup, manawa loro-lorone ngalami nasib kang padha.


Amarga ora ana pangeling-eling kang tetep tumrap wong wicaksana utawa wong bodho, awit ing dina-dina kang bakal kelakon kabeh-kabeh iku wus suwe anggone dilalekake, lah ah, wong wicaksana iya mati kaya dene wong bodho!


Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah.


Sakarone marani panggonan kang padha; sakarone dumadi saka lebu lan sakarone bali menyang ing lebu.


Sanadyan uripe sewu taun ping pindho, manawa ora ngrasakake kasenengan, apa samubarang kabeh iku ora ngener marang panggonan siji?


Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.


Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.


Sabab wong-wong kang urip iku mangreti manawa bakal padha mati, nanging wong mati ora mangreti apa-apa, ora bakal tampa pituwas maneh, malah wong padha lali babar pisan marang dheweke.


Maune sira ngucap: “Tetep ing salawas-lawase anggonku jumeneng dadi ratu!” Nanging sira ora eling tuwin ora mikir marang wekasane iku kabeh.


Aja lumebu ing omahe wong ropyan-ropyan sumedya njagongi, melu mangan lan ngombe karo wong iku.


Mulane, – mangkene pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –: Rasakna kaananira!


Manawa sira padha ora ngrungokake, lan ora nengenake ing bab ngluhurake marang asmaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – Ingsun bakal ndhawahake wewelak ana ing tengahira, sarta berkahira padha Sundadekake laknat, malah wus Sundadekake laknat, awitdene sira padha ora nggatekake.


Sapa kang bisa ngetung lebune Yakub, utawa sapa kang bisa nacahake golongane Israel? Anggonku mati muga bisaa kaya patine wong kang jujur, lan puputing uripku kayaa pupute wong iku!”


Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.


Saupama wicaksanaa, mesthi ngerti prakara iki, sarta mikir kapriye bakal wekasane.


banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.


Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.


Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan