Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 7:1 - Kitab Sutji

1 Jeneng kang arum iku luwih becik katimbang karo lenga kang larang, lan dinaning ngajal iku luwih becik tinimbang karo dina kalairan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 7:1
23 Iomraidhean Croise  

Ana ing kono para wong dursila mari anggone gawe rerubed, sarta para wong kang nglentroh padha aso.


Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah kang ndlewer marang jenggot, kang ndlewer marang jenggote Imam Harun lan marang guloning jubahe.


Sumunaring mripat mbungahake ati, sarta pawarta kang becik nyegerake balung.


Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhe, luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan mas.


supaya kowe aja nganti diwewada dening kang padha krungu, temah kawiranganmu ora bakal bisa ilang.


Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati, nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa.


Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan.


Awit saka iku wong mati kang wus suwe anggone ngajal iku dakanggep padha luwih begja katimbang karo wong kang padha urip, kang saiki isih padha urip.


Wekas-wekasaning prakara iku luwih becik katimbang karo wiwitane. Kasabaran kang gedhe iku luwih becik katimbang gumunggung.


lisah Paduka wangi gandanipun, asma Paduka kadya lisah ingesok, milanipun para kenya sami tresna dhumateng Paduka.


Pancen nyata nikmat tresnamu, dhuh yayi, pengantenku. Tresnamu iku nikmate ngluwihi anggur, lan aruming lengamu ngluwihi sawarnaning anggi-anggi.


iku ana ing padalemaningSun lan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSun bakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng – iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, – sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirna bakal Sunparingake marang wong-wong iku.


Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”


Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga.”


Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.


Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.


nanging atiku padha tatag, lan aku kabeh malah seneng ngalih saka ing badan iki lan manggon ing jero ndherek Gusti.


Awit iya marga saka pracaya iku para leluhur kita wus kaparingan paseksen.


Sarta wong iku kabeh padha ora tampa apa kang kaprasetyakake iku, sanadyan pracayane wus aweh paseksen kang becik tumrap wong-wong iku.


Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”


Rut banjur mapan turu ana ing sandhinge sikile Boas nganti tumeka ing wayah esuk; tangine ing wayah sadurunge wong bisa cetha ndeleng marang wong liyane, awit pangucape Boas: “Aja nganti kaweruhan, yen ana wong wadon teka ing panuton.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan