Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, manawi kawula munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih tiyang tigang dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake, manawa ing kono Ingsun manggih wong telung puluh.”
Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, kawula badhe munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih sadasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal ora Suntumpes marga saka wong sepuluh iku.”
Yakub banjur nglairake punagi: “Manawa Gusti Allah nunggil lan ngreksa aku ing saurute dalan kang dakambah, sarta maringi roti kang dakpangan, apa maneh sandhangan kang dakanggo,
Dene watu kang wus dakedegake dadi tugu iki bakal dadi padalemane Gusti Allah. Punapa malih samukawis ingkang Paduka paringaken dhateng kawula punika saprasedasanipun badhe kawula saosaken dhateng Paduka.”
Manawa kowe duwe nadar ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengane ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu.
Manawa ana ing sawijining dhaerah kowe nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowe aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkate padha ngulat-ulatake wong-wong mau.
Utawa manawa ana wong nglairake supata tanpa dipikir anggone ngetokake tembung, dadia bab gawe ala utawa gawe becik, sumpah apa bae kang dilairake tanpa dipikir iku, tanpa ngrumangsani, nanging wasana banjur rumangsa, iku dadine kaluputan ing salah sawijining bab mau.
Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul.
Amarga kita kabeh padha kaluputan ing prakara akeh, sing sapa ora kaluputan ing tetembungane, iku wong sampurna, wis bisa ngereh marang saranduning badane kabeh.