KOHELET 5:1 - Kitab Sutji1 Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae. Faic an caibideil |
Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa, wong ngurbanake wedhus, nanging iya nugel gulune asu, wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi, wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala. Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe, lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan,
Awit saking punika kula enggal-enggal kengkenan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, badhe mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng panjenengan.”