Sang Yoab nuli ngandika: “Manawa wong Aram iku kakuwatane ngluwihi aku kowe nulungana aku, dene manawa bani Amon kakuwatane ngluwihi kowe, kowe bakal daktulungi.
ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; – kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? – Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.
Karodene Pangeran Yehuwah nggigah semangate Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta semangate sakekarene umat, tumuli kabeh padha teka lan tumandhang ing gawe kanggo padalemane Sang Yehuwah, Gustine sarwa dumadi, Gusti Allahe,
Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.
Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakake pangibadah marang Gusti sarta puwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsun pijekna Barnabas lan Saulus, supaya padha nglakonana ayahan, kang wus Suntamtokake tumrap karone.”
Sang Yehuwah muga karsaa paring piwales marang panggawemu iku, muga Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kokungseni ing ayoming swiwine iku karsaa maringi pituwas marang kowe kang satimbang.”