Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 4:8 - Kitab Sutji

8 ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; – kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? – Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 4:8
21 Iomraidhean Croise  

Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”


Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)


Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung, namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah, nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.


Jagading wong mati lan karusakan iku ora wareg-wareg, mangkono uga mripate manungsa iya ora marem-marem.


kencenging atiku sumedya mriksa lan naliti kalawan kawicaksanan marang samubarang kabeh kang kalakon ana ing sangisoring langit. Iku pagawean kang angel kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya bisaa gawe kesele awake dhewe.


Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake.


Jalaran manawa ana wong kang nindakake samubarang kanthi ngrekasa kalawan migunakake kawicaksanan, kawruh lan kabisan, iya kudu marisake oleh-olehane iku marang wong kang ora rekasa tumrap iku. Iki uga tanpa paedah lan cilaka banget.


Uripe kebak ing kasusahan lan pagaweane kebak bab-bab kang gawe susahing ati, malah ing wayah bengi atine ora tentrem. Iku uga tanpa paedah.


Aku nyumurupi maneh bab-bab kang tanpa paedah ana ing sangisoring langit:


Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?


Sing sapa nresnani dhuwit ora bakal wareg dhuwit lan sing sapa tresna marang kasugihan ora bakal marem marang pametune. Iki iya tanpa paedah.


Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijine sarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine, nganti ora ana papan maneh kanggo wong liya tuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!


Yagene sira padha ngetokake dhuwit ora kanggo tuku roti, lan pituwasing rekasanira ora kanggo tuku barang kang maregi? Padha ngrungokna marang Ingsun, temah sira bakal padha mangan pangan kang becik sarta sira bakal padha ngrasakake nikmating cecawisan kang enak dhewe


He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.


Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?


Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan