2 Awit saka iku wong mati kang wus suwe anggone ngajal iku dakanggep padha luwih begja katimbang karo wong kang padha urip, kang saiki isih padha urip.
Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubarang kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin.
Sira aja nangisi wong mati, lan aja belasungkawa marga saka wong iku. Luwih becik sira nangisana kang wus lunga, amarga iku ora bakal bali maneh, lan ora bakal ndeleng tanah kelairane maneh.