Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 4:10 - Kitab Sutji

10 Amarga manawa padha tiba, kang siji banjur nangekake sijine, nanging cilaka wong kang ijen manawa tiba, awit ora ana wong liyane kang nangekake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 4:10
17 Iomraidhean Croise  

Kain banjur tutur marang Abel adhine: “Payo padha menyang ara-ara kana.” Nanging bareng tekan ing ara-ara, Kain banjur ngepruk Abel adhine sarta dipateni.


Bareng wektune nandhang prihatin wis pundhat, Sang prabu Dawud utusan nimbali wong wadon iku menyang ing daleme. Wong wadon iku dipundhut garwa lan mbabar putra kakung. Nanging prakara kang wus dilampahi Prabu Dawud iku ala ana ing paningale Sang Yehuwah.


Abdi dalem punika gadhah anak jaler kalih; lare kalih punika sami kerengan wonten ing pategilan; sarehne boten wonten ingkang misah, ingkang satunggal nggebagi satunggalipun ngantos pejah.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”


Uga manawa wong loro padha turu, banjur padha dadi anget, nanging manawa ijen kapriye bisane dadi anget?


Wong loro iku luwih prayoga tinimbang karo wong siji, awit iku padha tampa pituwas kang becik tumrap kangelane.


Para sadulur, yen ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowe kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sareh, karo njaga awakmu dhewe, supaya kowe uga aja kena ing pacoban.


Mulane kowe padha lipur-linipura kalawan tembung-tembung iki.


Mulane kowe padha eling-ingelingna lan bangun-binanguna, kayadene kang pancen padha koklakoni iku.


Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, nuli tata-tata lan banjur murugi Sang Dawud menyang ing Khoresa, lan nyantosakake pangandele Sang Dawud marang Gusti Allah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan