Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 4:1 - Kitab Sutji

1 Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 4:1
51 Iomraidhean Croise  

Aku iya bisa caturan kaya kowe, saupama kowe iku dadi kaya aku; aku bisa ngracik tetembungan kang endah tumrap kowe sarta gedheg-gedheg ngrasakake kowe.


Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya, sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa;


Padha salina pangrasa ta, ja nganti ana kaculikan kang tumindak; iya padha salina pangrasa, aku iki nyata-nyata bener.


Bumi wus kapasrahake marang wong duraka, hakime jagad ditutupi raine; manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?


yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”


Manawi manah kawula nglentrih, Paduka nguningani lampah kawula. Wonten ing margi ingkang kawula ambah, tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan.


Kawula mulat manengen sarta milang-miling, boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang mreduli dhateng kawula; papan pangungsen kawula sampun ical, boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngupadosi kawula.


Nyawaku ngorong marang Allah, marang Allah kang gesang, besuk kapan anggonku diparengake sowan ndeleng Gusti Allah?


Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman, sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan, pandonga marang Gusti Allahing uripku.


Paduka nupiksani cacad kawula, kawirangan kawula saha kanisthan kawula. Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.


Manah kawula rempu margi saking panyamah, telah pangajeng-ajeng kawula; kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina, sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.


Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, taksih pinten laminipun anggen Paduka bendu sanadyan umat Paduka ndedonga?


“Samangsa sira nulungi wong wadon bangsa Ibrani kang nglairake anak, sira kudu namatake, manawa bayine lair lanang, enggal sira patenana, dene yen wadon kena lestari urip.”


Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”


Wong miskin iku kasengitan dening sadulure kabeh, apa maneh mitrane, mesthi padha ngedohi, dioyak klawan diceluki, ewasamono wus padha ora katon.


Wong mlarat kang nindhes wong sekeng, iku kaya udan deres, nanging ora ngolehake rejeki.


Samangsa cacahe wong bener mundhak akeh, rakyat bungah, nanging manawa wong duraka nyekel pangwasa, rakyat sambat.


Sabanjure aku sumurup papan pangadilan ana ing sangisoring langit: ing kono tinemu bab-bab kang ora adil; sarta papan kaadilan, ing kono uga tinemu bab-bab kang ora adil.


Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.


Sanyata, tumindak meres iku njalari wong wicaksana dadi gemblung, dene dhuwit besel iku ngrusakake ati.


Iku kabeh wus daksumurupi, sarta aku nggatekake sakehing panggawe kang kalakonan ana ing sangisoring langit, nalika wong kang siji ngwasani sijine ndadekake cilakane.


Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah iku turune Israel, lan para wong Yehuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran.


nanging iku bakal Sunparingake marang wong kang nindhes sira, wong kang maune celathu marang sira: Tumungkula, supaya aku padha bisa liwat kalawan ngidak-idak awakmu! Sira banjur mengkureb warata karo lemah lan dadi dalan tumrap wong kang liwat ing dhuwure.”


Enggal-enggal anggone nglakoni piala, lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput; rancangane iku pangrantaming ambek siya, tuwin menyang ngendi bae parane mesthi ninggal karusakan lan gempuran.


uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge.


Marga saka iku aku nangis, mripatku ngetokake luh carocosan, awitdene juru panglipur kang bisa nglejarake atiku wus adoh; anak-anakku padha bingung, marga si satru rosa banget.”


Sion ngegarake tangane, nanging ora ana wong kang nglipur; Pangeran Yehuwah wus nglempakake tangga-tanggane, supaya padha nglawan marang Yakub. Yerusalem wus dadi najis, ana ing satengahe mungsuh-mungsuh mau.


Ing wayah bengi nangis kelara-lara, pipine adus luh; ing antarane para kang nresnani, ora ana siji bae kang aweh panglipur. Mitrane kabeh wus padha nyidrani, wus malih dadi satrune.


Kanajisane kelet ing poncoting jubahe, wus ora mikir bab bakal wekasane, anggone tiba kanteb banget, ora ana wong kang nglipur. “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula, margi pun mengsah ngegungaken badanipun piyambak.”


“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”


Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur, lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir, sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria, lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara iku sarta panganiaya kang ana ing kutha kono.”


Kaping pindhone iki kang padha koklakoni: Misbyahe Sang Yehuwah koktutupi luh kanthi panangis lan pasambat, marga Panjenengane wus ora karsa noleh maneh marang pisungsungmu, sarta ora karsa nampeni iku saka ing tanganmu.


Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Nanging kabeh-kabeh iki kalakon supaya kayektenana kang tinulis ing kitabe para nabi.” Para sakabat banjur padha ninggal Panjenengane lan padha lumayu kabeh.


Sawijining bangsa kang ora kokwanuhi kang bakal mangan pametuning lemahmu lan sakehe wohe kangelanmu; kowe tansah bakal ditindhes lan dikaniaya.


mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna.


Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.


Wong Israel banjur padha sesambat marang Sang Yehuwah, amarga panjenengane mau kagungan kereta perang wesi nganti sangang atus, sarta rong puluh taun lawase anggone nindhes wong Israel klawan keras.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan