Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:8 - Kitab Sutji

8 Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:8
19 Iomraidhean Croise  

Nanging sapunika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, sampun maringi katentreman dhumateng kula wonten ing pundi-pundi, sampun boten wonten mengsah malih saha boten wonten kasangsaran malih ingkang tumempuh.


Nalika Sang Prabu Yoram mirsa Sang Yehu, tumuli ndangu: “Apa slamet, heh Yehu?” Wangsulane: “Kapriye bisane slamet, salawase ibumu Izebel isih ngingu sundel lan juru sikir kang kehe samono iku!”


Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.


Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.


atine mungsuhe mau diwalik temah padha sengit marang umate Gusti Allah, sarta abdine padha dipitenah.


Dhuh Yehuwah, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka, punapa boten kawula sengiti, saha punapa kawula boten bosen dhateng tiyang ingkang sami mbalela dhumateng Paduka?


Wong kang bener iku sengit marang goroh, nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.


Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – mulane sira wus dadi kagunganingSun.


“Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.


sarta bisa ngawruhi marang sihe kang ngungkuli sakabehing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya padha kapenuhan ing kasampurnaning Gusti Allah.


He para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadene Sang Kristus anggone wus ngasihi pasamuwane nganti masrahake sarirane marga saka pasamuwan iku


lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,


Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa. Nagara iku diparingake dening Senapati Yusak marang Israel dadi warisan pusaka miturut pandumane talere dhewe-dhewe. Nagara kono banjur dadi tentrem, wus mari perang.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan