Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:7 - Kitab Sutji

7 Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:7
32 Iomraidhean Croise  

Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone.


Rama Yakub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, sarta ngagem bagor diubedake ing bangkekane apadene gawe patangisan nganti pirang-pirang dina, marga saka putrane mau.


Yehuda tumuli maju nyedhak sarta matur: “Kawula nuwun, dhuh gusti, abdi dalem mugi keparenga munjuk atur sakedhik wonten ngarsanipun gusti kawula, saha mugi sampun ngantos duka dhateng abdi dalem; amargi panjenengan dalem punika sami kados Sang Prabu Pringon.


Awitdene kados pundi anggen kawula saged lumampah wangsul pinanggih bapa kawula, manawi lare punika boten tumut sareng kaliyan kawula; kawula boten mentala ningali kasisahan ingkang badhe tumempuh dhateng bapa kawula.”


Senapati Dawud banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan wong kang padha ngadhep ana ing ngarsane iya padha tumindak mengkono.


Sang Prabu Dawud ngandika marang Senapati Yoab lan marang para kawula kang ngadhep panjenengane: “Mara padha nyuweka panganggonira lan sabukana jarit kasusahan lan nangisa ana ing ngarepe layone Abner.” Sang Prabu Dawud piyambak uga tindak ana ing burine layon.


Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan.


Nanging rakyat mau padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga Sang Prabu wus paring dhawuh piweling: “Sira aja padha mangsuli marang dheweke!”


Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”


Bareng Sang Nata midhanget ature wong wadon iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan ing sajrone tindak-tindak ana ing dhuwur balowarti iku, wong akeh padha ndeleng anggone mangagem bagor tumempel ing sarirane. Sang Prabu tumuli ngandika:


Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasade saha kadadosaken rencang jaler kaliyan estri, kawula mesthi kendel kemawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.”


Banjur padha lungguh nglosod ing lemah ana ing ngarepe Ayub, lawase pitung dina pitung bengi, ora ana kang muni sakecap bae, marga padha weruh ing sangsarane Ayub kang luwih dening banget iku.


Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati, supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku, cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus, sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”


Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.


Nanging kabeh padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga dhawuhe Sang Prabu: “Sira aja padha aweh wangsulan marang dheweke!”


Sang Prabu apadene para punggawane kang padha mireng pangandika iku ora ana kang kejot utawa nyuwek-nyuwek pangagemane.


Yagene kita kok mung padha lungguhan bae? Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosa lan lebur ana ing kono! Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita, maringi omben-omben racun marang kita, sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.


Iku lungguha dhewekan lan menenga, manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah.


Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.


Mulane ing mangsa iku, sapa kang duwe budi bakal meneng bae, marga wektu iku wektu kang ala.


Ing dina iku kekidungan ing padaleman suci bakal dadi pangadhuh,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. “Ing ngendi-endi ana jisim, kang kabuwang ing saenggon-enggon kanthi sidheman.”


Aja ngandel marang mitra, aja pasrah marang kanca, jaganen lawanging cangkemmu tumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu.


Amargi tumrap kula sadaya boten saged kendel anggen kula sami pirembagan bab punapa ingkang sampun sami kula tingali sarta ingkang sampun sami kula pireng.”


Rasul Petrus nuli enggal-enggal tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis rawuh ing kana, banjur didherekake menyang ing kamar ndhuwur sarta kabeh warandha padha ngadeg ing sacedhake apadene kalawan nangis padha nuduhake kabeh klambi lan sandhangan, gaweane Dorkas nalika isih urip.


Saul banjur carita marang pamane: “Lajeng kemawon kula sami dipun pangandikani bilih kuldi-kuldi punika sampun pinanggih.” Nanging bab anggone bakal jumeneng ratu kaya kang dingandikakake dening Nabi Samuel, ora dilairake marang pamane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan