KOHELET 3:6 - Kitab Sutji6 Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang. Faic an caibideil |
Hazael banjur methuk marang Nabi Elisa kalawan nggawa atur-atur arupa sakehing barang ing Damsyik kang endah-endah, kehe patang puluh momotan unta. Bareng wis tekan nuli sowan ing ngarsane Nabi Elisa lan matur: “Ingkang putra Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram, utusan kula aturipun: Punapa kula badhe senggang anggen kula gerah punika?”
Para awak-awaking prau padha kataman giris, kabeh padha sesambat marang allahe dhewe-dhewe, sarta momotan kang ana ing prau padha dibuwangi ing sagara supaya praune dadi entheng. Nanging Nabi Yunus iku wus mandhap menyang ing peranganing prau kang ngisor dhewe lan banjur sarean, wasana sare kepatos.