Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:5 - Kitab Sutji

5 Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:5
11 Iomraidhean Croise  

Kutha-kutha padha digempuri sarta saben pategalan kang becik diurugi watu, amarga saben wong nguncalake watu mrono. Sakehing sumber padha disumpeti lan sakehing wit-witan kang becik padha ditegori, nganti mung kutha Kir-Hareset kang dikarekake, nanging kutha iki banjur kakepung lan dikrutugi ing watu dening para pambandhil.


Dhawuhe Nabi Musa marang bangsa iku: “Padha cecawisa ing dina kang kaping telune lan aja nyedhaki wong wadon.”


Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan.


Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.


Bangsa iki klumpukna, pasamuwane sucekna, nglumpukna para pinituwa, dalah para bocah pasuson pisan, panganten lanang supaya metu saka ing kamare, lan panganten wadon saka ing kamar paturone.


Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.


Bareng wayah ngarepake suruping srengenge Senapati Yusak dhawuh ngudhunake mayite saka ing kayu mau sarta padha dibuwang ing jero guwa, panggonane ndhelik. Cangkeming guwa mau banjur ditutupi watu gedhe-gedhe, kang isih ana nganti saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan