Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:4 - Kitab Sutji

4 Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:4
23 Iomraidhean Croise  

Ibu Sara banjur ngandika: “Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku.”


Nalika pethine Sang Yehuwah mlebu ing kuthane Sang Prabu Dawud, Sang Putri Mikhal putrane Sang Prabu Saul ngungak ing cendhela, mirsa yen Sang Prabu Dawud lincak-lincak lan beksa-beksa ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Mulane Sang Putri ing sajroning panggalih nyepelekake Sang Prabu Dawud.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”


Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi, sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!


Ing kono Ibu Miryam, nabi putri, sadhereke Rama Harun, banjur ngasta terbang, kadherekake sakehe wong wadon karo ngunekake terbang padha jejogedan.


Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.


Manawa pinuju begja dieling, yen dina kacilakan iku dianakake dening Gusti Allah kayadene dinaning kabegjan, supaya manungsa ora bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon.


UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira,


atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane.


Aku wis ngunekake suling, kowe kok ora padha njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, nanging kowe ora padha tangisan.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.


Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.


Wong kang bungah biyantonana bungahe, wong kang nangis biyantonana panangise.


Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka ing jagad iki nuwuhake pati.


Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan