Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:3 - Kitab Sutji

3 Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:3
21 Iomraidhean Croise  

Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.


Ingsun kang nyantosakake tembung-tembunge para abdiningSun lan nindakake putusan-putusan kang diundhangake dening para utusaningSun; kang ngandika bab Yerusalem: Prayoga dienggoni, lan tumrap kutha-kutha ing Yehuda: Prayoga dibangun, Ingsun karsa ngedegake maneh jugrugane!


Atine bangsa iki gawenen ndableg lan kupinge sira dadekna jampeng sarta mripate gawenen merem kraket, supaya aja padha bisa ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge tuwin mangreteni kalawan atine, satemah banjur mratobat lan dadi waras.”


Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan, supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri, apadene mbangun lan nandur.”


Kayadene ing maune Ingsun cepak-cepak nedya mbedhol lan ngebrukake para wong iku, supaya bubrah, rusak lan cilaka, kaya mangkono uga Ingsun karsa mbangun lan nenanem. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, apa kang Sunyasa, bakal Sunbubrah, lan apa kang Suntanem bakal Sunbedholi, malah sanadyan nganti saindenging nagara!


Sabanjure Ingsun bakal njugrugake balowarti kang sira labur kalawan gamping iku lan Sunbrukake ing lemah, nganti tetalese katon; balowartining kutha iku bakal ambrol lan sira bakal padha tiwas ana ing jerone! Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.


“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Bangsa iku padha ngucap: Saiki durung mangsane mbangun padalemane Pangeran Yehuwah!”


“Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan?


Ing kono ature Sang Malaekating Yehuwah: Dhuh Yehuwah, Gustinipun sarwa tumitah, badhe ngantos pinten laminipun anggen Paduka boten welas dhateng Yerusalem sarta kitha-kithanipun Yehuda ingkang sampun Paduka bendoni laminipun pitung dasa taun punika?


Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.


Manawa ana sawijining wong, kang duwe kaluputan marang wong liyane, Gusti Allah kang bakal ngadili, nanging manawa ana sawijining wong kang nglakoni dosa marang Sang Yehuwah, sapa kang bakal dadi pantarane?” Nanging pituture ramane iku ora dipaelu, amarga Sang Yehuwah arep mateni para wong iku.


Sang Yehuwah iku ngganjar pati-urip, Panjenengane nyemplungake wong marang ing jagade wong mati lan ngentas saka ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan