Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:2 - Kitab Sutji

2 Ana wayahe lair, ana wayahe mati, ana wayahe nenandur, ana wayahe mbedholi kang ditandur.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:2
36 Iomraidhean Croise  

Nanging prasetyaningSun iku bakal Sunanakake karo Iskak, kang bakal lair saka Sara patutan saka sira besuk taun ngarep pendhake mangsa iki.”


Nalika Rama Israel wus ngarapake seda, banjur nimbali kang putra Sang Yusuf, lan dipangandikani: “Manawa aku oleh sihmu, bok tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku, sarta sumpaha, yen bakal nandukake katresnan lan kasetyan marang aku, yaiku: Aku aja kokkubur ana ing tanah Mesir!


Marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah wong mau nuli nguwuh-uwuh marang misbyah iku, tembunge: “Heh misbyah, heh misbyah! Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal ana turune Dawud kang lair, jenenge Yosia. Iku bakal nyembeleh ana ing dhuwurira imam-imam tengger pangurbanan kang ngobong kurban ana ing dhuwurira, uga balung-balung manungsa bakal diobong ana ing dhuwurira.”


Nabi Elisa ngandika: “Ing taun ngarep pendhake mangsa mangkene, kowe bakal mondhong anak lanang.” Nanging atur wangsulane wong wadon mau: “Sampun ta bendara kula, dhuh abdining Allah! Sampun ngandika ingkang boten nyata dhateng abdi panjenengan punika!”


Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula.


Ingkang punika sarehning umuripun manungsa sampun kapesthekaken watesipun, tuwin cacahing wulanipun sampun Paduka temtokaken, punapa dene wates-watesipun sampun Paduka tetepaken, satemah boten saged kalangkahan,


“Manungsa iku ana ing bumi rak kayadene perang, etungane umure kaya dinane wong buruh?


Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya!


Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan, sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. (Selah)


Pagaweanmu ing jaba rampungna, sarta cawisna iku ana ing pategalan, sawuse iku banjur lagi ngadegna omahmu.


Apa saben dina wong iku anggone mluku, maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji?


Ing nalika samana Sang Prabu Hizkia kecandhak gerah nganti meh seda. Nabi Yesaya putrane Sang Amos nuli sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira menehana piweling-piweling kang wekasan marang brayatira, awit sira bakal mati, ora bakal waras maneh.”


“Sira mangkata lan matura marang Hizkia: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal mewahi umurira limalas taun,


Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi! Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka, he sira kang ora tau nglarani! Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan, supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri, apadene mbangun lan nandur.”


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, apa kang Sunyasa, bakal Sunbubrah, lan apa kang Suntanem bakal Sunbedholi, malah sanadyan nganti saindenging nagara!


Putraning Manungsa bakal ngutus para malaekate kadhawuhan nglumpukake samubarang kabeh kang dadi sandhungan lan sakabehing wong kang nglakoni duraka ana ing Kratone,


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemane RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.


Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.


Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”


Lah Elisabet, sanakmu, kang wis tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, dene saprene wis nem sasi, mangka wis diarani gabug.


Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya.


Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.


Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah dhateng Rama Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir,


Kala samanten punika Nabi Musa miyos, rupinipun bagus saha dados keparenging Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.


Nanging bareng wus tekan ing ganepe mangsa, Gusti Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret,


Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah banjur seda ana ing kono, ing tanah Moab, miturut pangandikane Pangeran Yehuwah.


Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili,


Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan, nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso. Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu, nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan