Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:12 - Kitab Sutji

12 Aku sumurup manawa tumraping para manungsa iku ora ana kang becike ngluwihi seneng-seneng lan ngematake kasenengan ana ing sajroning uripe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:12
17 Iomraidhean Croise  

Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan, tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya,


Bungah-bungaha, heh wong anom, ing sajrone anggonmu isih anom, atimu cikben seneng ing wektu kowe isih anom lan turutana pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu, nanging sumurupa, manawa marga saka iku kabeh kowe bakal katarik dening Gusti Allah marang ing pangadilan!


Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah.


Aku niti-priksa awakku dhewe kanthi patrap nyegerake badanku kalawan anggur – sajrone mangkono iku akal budiku tetep mimpin kalawan kawicaksanan – sarta nggondheli kagemblungan, nganti aku nyumurupi apa kang becik dhewe kang bisa dilakoni dening para anaking manungsa ana ing sangisoring langit salawase uripe kang mung sadhela iku.


Aku sumurup manawa ora ana kang becike ngungkuli kasenengan sajroning pagaweane tumrap manungsa, amarga iku kabegjane. Awit sapa ta kang bakal nuduhake apa kang bakal kelakon sawuse dheweke?


Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki.


Paduka methukaken para tiyang ingkang sami nglampahi punapa ingkang leres saha sami enget dhateng margi ingkang Paduka tedahaken! Paduka saestu duka punika, jalaran kawula sami nglampahi dosa; wiwit rumiyin kawula sami mbalela dhumateng Paduka.


Mung bae isine iku danakna, lah ing mengko kabeh-kabehe bakal dadi resik tumrap kowe.


Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.


Sarta ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah padha mangana, kowe dalah sabrayatmu padha giyak-giyaka, marga kabeh kang padha koktindakake padha diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Karomaneh kowe bungah-bungaha bab ing ngatase kadarman peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dalah sakukubaning omahmu, iya kowe dalah wong Lewi lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahmu.”


Padha kaya ing maune Sang Yehuwah karenan ing galih nyaeni nangkar-nangkarake marang kowe, iya kaya mangkono Sang Yehuwah anggone karenan ing galih ngrusak lan numpes marang kowe, temah kowe bakal karubuhake saka ing tanah kang lagi kokparani bakal kokenggoni.


Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan