Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 3:10 - Kitab Sutji

10 Aku wus ndeleng pagawean kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya padha gawea keseling awake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 3:10
6 Iomraidhean Croise  

Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”


Kayadene anggonmu ora sumurup marang lakuning angin lan balung-balung ing guwa-garbaning wong wadon kang ngandheg, samono uga kowe ora sumurup marang pakaryaning Allah kang nindakake samubarang kabeh.


Awit kang kaparingan kawicaksanan, kawruh lan kasenengan iku wong kang dadi keparenging panggalihe, nanging wong dosa iku kaparingan kuwajiban nglumpukake lan numpuk barang-barang, kang ing tembe kudu diwarisake marang wong kang dadi keparenging Allah. Iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.


Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.


sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabeh padha mbudi-daya lan nyambut-gawe rina wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawene sapa bae ana ing antaramu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan