KOHELET 3:1 - Kitab Sutji1 Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe. Faic an caibideil |
Aku niti-priksa awakku dhewe kanthi patrap nyegerake badanku kalawan anggur – sajrone mangkono iku akal budiku tetep mimpin kalawan kawicaksanan – sarta nggondheli kagemblungan, nganti aku nyumurupi apa kang becik dhewe kang bisa dilakoni dening para anaking manungsa ana ing sangisoring langit salawase uripe kang mung sadhela iku.