9 Kalawan patrap mangkono aku banjur kedunungan kaluhuran, malah nganti ngluwihi sapa bae kang ana ing Yerusalem sadurunge aku; ing sajrone mangkono iku kawicaksananku tetep dumunung ana ing aku.
nanging kula boten pitados dhateng pitembungan-pitembungan punika, ngantos kula lajeng mriki saha nyumerepi piyambak; sayektos sapalihipun kemawon dereng wonten ingkang kawartosaken dhateng kula; ing bab kawicaksanan tuwin karaharjan panjenengan nglangkungi kabar ingkang kula pireng.
mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.
Pangeran Yehuwah ndadosake Sang Prabu Suleman luhur luwih dening banget ana ing ngarepe wong Israel kabeh lan maringi marang panjenengane kaagunganing karajan kaya kang durung tau dialami dening sakehe ratu ing Israel kang ngasta paprentahan sadurunge panjenengane.
Sang Prabu Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, anggone jumeneng nata wus santosa; Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan panjenengane lan ndadosake pangwaose ngedab-edabi.
Sajroning ati aku mosik mangkene: “Lah aku wus nggedhekake lan nambah kawicaksanan ngluwihi kabeh wong kang nyekel paprentahan ing Yerusalem sadurunge aku, lan atiku wus kadunungan kawicaksanan lan kawruh akeh.”