Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 2:8 - Kitab Sutji

8 Aku uga nglumpukake selaka lan emas, raja-brana kang pinangkane saka para raja lan dhaerah-dhaerah. Aku ngupaya pasindhen lanang lan wadon akeh, lan kang nyenengake para anaking manungsa, yaiku selir akeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 2:8
21 Iomraidhean Croise  

Sapunika kawula sampun umur wolung dasa taun, punapa kawula taksih saged mbedakaken prakawis ingkang sae utawi awon? Punapa kawula taksih saged ngraosaken punapa-punapa ingkang kawula tedha utawi kawula ombe? Punapa kawula taksih saged ngemataken larasing pangidunganipun para pasindhen jaler lan estri? Punapa perlunipun abdi dalem punika taksih dados tanggelanipun gusti kawula Sang Prabu?


Sang Prabu Suleman banjur kacaosan emas satus rong puluh talenta, anggi-anggi akeh banget lan sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi maneh kang teka kang samono akehe, kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.


Anadene emas kang diladekake marang Sang Prabu Suleman iku ing sajroning sataun bobote ana nem atus sawidak nem talenta,


Sakehing piranti kang kagem ngunjuk Sang Prabu Suleman kang digawe emas lan sakehe barang kang ana ing gedhong “Alas Libanon” iku kang digawe emas murni; ora ana barang salaka, awit nalika jamane Sang Prabu Suleman panganggepe wong salaka iku tanpa aji.


Garwane kang trahe wong luhur kehe pitung atus, dene garwane selir telung atus; para garwane iku padha nggendeng panggalihe saka ing pangayunaning Pangeran Yehuwah.


Minangka gantine Sang Prabu Rehabeam yasa tameng-tameng tembaga, kang banjur kapasrahake marang para panggedhe prajurit kang jaga ana ing lawanging kraton.


Dene Sang Prabu Hiram wus ngintunake satus rong puluh talenta emas marang Sang Prabu.


Lakune tekan ing Ofir, ana ing kono padha njupuk emas patang atus rong puluh talenta kang banjur padha kaaturake marang Sang Prabu Suleman.


Sateruse kanggo pangibadah Sang Prabu Dawud lan para panggedhening wadya-bala padha ngangkat para anake Asaf, para anake Heman lan para anake Yedutun. Iku padha medhar wangsit kalawan diiringi clempung, slukat lan kecer. Daftare para wong kang padha nindakake pagawean ing sajrone pangibadah iku mangkene:


Kabeh iku padha kapimpin dening bapakne manawa pinuju ngrepekake kekidungan ana ing padalemaning Sang Yehuwah diiringi ing clempung, slukat lan kecer kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah kalawan pitedahe Sang Prabu. Kaya mangkono iku bani Asaf, Yedutun lan Heman.


Sang Prabu ngagem kayu cendhana iku kagem yasa undhak-undhakan ing padalemaning Yehuwah lan kedhatone Sang Prabu, sarta uga kagem yasa clempung lan slukat kanggo para juru ngidung, kang kaya mangkono iku ing maune durung tau ana ing tanah Yehuda.


iku kejaba bature lanang lan wadon kang cacahe pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhen lanang lan wadon rong atus.


Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna.


Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”


samangsa sira padha krungu swaraning kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen liya-liyane, sira banjur padha nyembaha marang reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku.


Mulane bareng sakehing bangsa padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus lan unen-unen warna-warna, wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, banjur padha sujud lan nyembah marang reca kencana kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku.


kang padha menyanyi manut unining clempung, sarta nganggit kekidungan kaya Dawud;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan