Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 2:6 - Kitab Sutji

6 aku gawe blumbang pirang-pirang kanggo mbanyoni wit-witan kang isih enom saka ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 2:6
7 Iomraidhean Croise  

Aku tumuli mbacutake lakuku menyang ing gapura Sendhang lan blumbang Ratu. Sarehne kewan kang daktunggangi ora bisa liwat ing kono,


Punapa dene serat dhateng Asaf, ingkang rumeksa kagungan dalem wana, supados nyukani kajeng dhateng kawula kangge dlurunging gapura-gapuraning betengipun Padaleman Suci, kangge balowartinipun kitha tuwin kangge griya ingkang badhe kawula enggeni.” Sang Prabu nuli iya njurungi panyuwunku, amarga astane Allahku kang mahamirah ngayomi aku.


Gapura Sendhang iku dibangun dening Sang Salum bin Kolhoze, kang ngasta pangwaos ing wewengkon ing Mizpa. Anggone mbangun nganggo dipayoni sarta dietrapi ineb, kancingan lan slarak. Kajaba iku uga ndandani temboke blumbang tadhah banyu ilen-ilen, kang anjog ing sacedhake patamanan kraton, nganti tutug ing undhak-undhakan kang mudhun saka ing kuthane Sang Prabu Dawud.


Kajaba iku kang uga mbangun Sang Nehemya, bin Azbuk, kang ngasta pangwaos ing separoning wewengkon ing Bet-Zur, nganti tutug ing pasareane Sang Prabu Dawud lan tutug ing blumbang yasan, sarta ing daleme para prawira.


Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.


Gulumu pindha menara gadhing, mripatmu kadi telaga ing Hesybon, cedhak gapura Batrabim; irungmu kaya menara ing Libanon, kang madhep marang ing kutha Damsyik.


Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu, kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali, lan kang ora ngalami tekane panas sumelet, godhonge ajeg ijo, ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan