KOHELET 2:4 - Kitab Sutji4 Aku nglakoni panggawe-panggawe kang wigati: aku yasa omah pirang-pirang, nanduri pakebonan anggur akeh, Faic an caibideil |
Nalika isih sugeng Pangeran Absalom wis ngadegake tugu kagem sarirane piyambak, kang tumeka saiki isih ana ing lebak Ratu, awit pangandikane: “Aku ora duwe anak lanang, kang nglestarekake pangeling-eling marang jenengku.” Lan tugu iku dijenengake manut asmane piyambak, mulane tugu iku nganti saprene diarani: tugu pangeling-elinge marang Pangeran Absalom.
“Wonten satunggaling prajanjian ing antawisipun kula kaliyan panjenengan, ing antawisipun rama kula kaliyan ingkang rama. Lah punika panjenengan kula caosi kintunan jene lan selaka. Sumangga, panjenengan kula aturi medhot prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados piyambakipun mundur saking wewengkon kula.”
Panjenengane uga yasa panggung ana ing pasamunan lan dhawuh ndhudhuk sumur akeh, amarga raja-kayane akeh ana ing Tanah Ngare lan ana ing Tanah Warata Dhuwur. Sang Prabu uga kagungan abdi-abdi tani lan tukang jaga kebon anggur ana ing pagunungan lan ing tanah kang subur, awit panjenengane remen tetanen.
Sang Prabu Suleman banjur mindhah putri, putrane Sang Prabu Pringon, saka ing kuthane Sang Prabu Dawud menyang ing daleme anggone ngyasakake, awit pangandikane: “Garwaningsun aja nganti ana kang manggon ing kratone Rama Dawud, ratu ing Israel, amarga panggonan-panggonan kang wus dileboni ing pethine Pangeran Yehuwah iku suci.”