Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 2:3 - Kitab Sutji

3 Aku niti-priksa awakku dhewe kanthi patrap nyegerake badanku kalawan anggur – sajrone mangkono iku akal budiku tetep mimpin kalawan kawicaksanan – sarta nggondheli kagemblungan, nganti aku nyumurupi apa kang becik dhewe kang bisa dilakoni dening para anaking manungsa ana ing sangisoring langit salawase uripe kang mung sadhela iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 2:3
22 Iomraidhean Croise  

Unjuke Rama Yakub marang Sang Prabu Pringon: “Etanging taun-taun anggen kawula nglembara dados tiyang neneka punika satus tigang dasa taun. Cacahing taunipun gesang kawula namung sakedhik, nanging kathah karibedanipun; boten saged nututi umuripun para leluhur kawula ing nalikanipun sami nglembara dados tiyang neneka.”


Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula.


punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.


Anggur iku tukang memoyok, minuman keras iku tukang gawe rame, sing sapa sempoyongan marga saka iku, dadi ora wicaksana.


Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin,


Supaya bisa ngguyu, wong nganakake bujana, anggur gawe gambiraning ngaurip sarta dhuwit njalari kabeh iku mau bisa tumindak.


Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong.


Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah.


Saben wong kang kaparingan kasugihan, raja-brana lan pangwasa dening Gusti Allah kang bisa dirasakake minangka pandumane, banjur bisa seneng-seneng ing sajroning kangelane, iku uga ganjarane Gusti Allah.


Amarga sapa kang nyumurupi apa kang prayoga kanggo manungsa ing salawase uripe kang ora suwe, kang tanpa guna, kang dilakoni kayadene ayang-ayangan? Sapa kang bisa mratelakake marang manungsa, apa kang bakal kelakon ing sapungkure ana ing sangisoring langit?


Prayogane kang siji gondhelana, sijine aja kokeculake, amarga wong kang wedi marang Gusti Allah iku ora bakal ketaman ing loro-lorone.


Kang dakudi iku bisane mangreti, niti-priksa lan ngupaya kawicaksanan lan kakenthelaning pamikir, lan bisane nyumurupi, manawa duraka iku bab kang gemblung lan tanpa pikiran iku edan.


Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki.


“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.


Lan aja nganti kowe mendem anggur, awit anggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nanging kapenuhana ing Roh,


Nanging wit anggur mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal duduhe wohku anggur, kang ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah lan gawe senenging manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?


Saulihe Abigail tekan ing panggonane Nabal, lah wonge lagi nganakake bujana ing omahe wis kaya bujananing raja. Nabal bungah-bungah nganti mendem kepati, mulane kang wadon ora martani sakecap-kecapa, nganti tumeka byar esuk.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan