12 Aku banjur genti mawas kawicaksanan, kabodhoan lan kang goblog, sabab apa ta kang bisa dilakoni dening wong kang nggenteni dadi ratu? Mung apa kang wus katindakake dening raja iku.
Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin,
Kang dakudi iku bisane mangreti, niti-priksa lan ngupaya kawicaksanan lan kakenthelaning pamikir, lan bisane nyumurupi, manawa duraka iku bab kang gemblung lan tanpa pikiran iku edan.