Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 2:10 - Kitab Sutji

10 Aku ora ngalang-alangi mripatku tumrap sakehing kekarepane, sarta aku ora ngampah atiku ing bab apa bae kang disenengi, sabab atiku bungah marga saka sakehing kangelanku, lan yaiku wohing sakehe kangelanku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 2:10
21 Iomraidhean Croise  

Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.


para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.


“Aku wus gawe prajanjian kalawan mripatku, mulane mangsa yen aku ngantia mandeng marang prawan!


Mripat kawula mugi Paduka enggokaken saking barang ingkang tanpa gina; kawula Paduka gesangaken wonten ing margi pitedah Paduka!


Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu, rahayu kowe lan becik kaananmu!


marga yen kokwaspadakake, banjur sirna, awitdene iku dumadakan nganggo swiwi kaya manuk garudha kang banjur mabur ing akasa.


Bungah-bungaha, heh wong anom, ing sajrone anggonmu isih anom, atimu cikben seneng ing wektu kowe isih anom lan turutana pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu, nanging sumurupa, manawa marga saka iku kabeh kowe bakal katarik dening Gusti Allah marang ing pangadilan!


Sajroning ati aku mosik mangkene: “Coba, aku daknguji kabungahanku lan ngematake kasenengan, nanging lah iku uga tanpa paedah.”


Apa ta paedahe nindakake samubarang kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit lan kang jumedhul saka ing pepenginaning atine iku?


Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah.


Aku sumurup manawa ora ana kang becike ngungkuli kasenengan sajroning pagaweane tumrap manungsa, amarga iku kabegjane. Awit sapa ta kang bakal nuduhake apa kang bakal kelakon sawuse dheweke?


Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?


Lah kang dakanggep becik lan prayoga iku: mangan ngombe lan seneng-seneng ing sajroning pagaweane kang dilakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit ing salawase uripe kang cendhak, kang diparingake dening Gusti Allah, awit yaiku pandumane.


Saben wong kang kaparingan kasugihan, raja-brana lan pangwasa dening Gusti Allah kang bisa dirasakake minangka pandumane, banjur bisa seneng-seneng ing sajroning kangelane, iku uga ganjarane Gusti Allah.


wong kang kaganjar dening Gusti Allah kasugihan, raja-brana lan kamulyan, satemah ora kakurangan apa-apa tumrap kang dadi pepenginane, nanging wong iku ora diparengake dening Gusti Allah ngrasakake iku kabeh, nanging wong liya kang ngrasakake! Iki kaanan kang tanpa guna lan kasangsaran kang pait.


Luwih becik mung ndeleng bae katimbang karo ngumbar hawa-nepsu. Iku uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.


Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki.


Katresnane utawa sengite lan kumerene wus ilang suwe tuwin ing salawase wus ora duwe bagean maneh tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit.


Ngrasakna nikmating urip kalawan bojo kang koktresnani ing salawase uripmu kang tanpa guna iku, kang kaganjarake dening Gusti Allah marang kowe ana ing sangisoring langit, amarga yaiku pandumanmu ing sajroning urip lan sajroning pambudidaya kang koktindakake kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit.


Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.


Sakondure tumuli ngaturi pirsa marang kang rama lan kang ibu, ature: “Kula sumerep tiyang estri ing Timna, anakipun tiyang Filisti; punika mugi panjenengan pundhutaken dadosa semah kula.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan