Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 2:1 - Kitab Sutji

1 Sajroning ati aku mosik mangkene: “Coba, aku daknguji kabungahanku lan ngematake kasenengan, nanging lah iku uga tanpa paedah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 2:1
27 Iomraidhean Croise  

Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”


Sang Nata ing Aram nuli ngandika: “Iya becik, sira mangkata, lan ingsun bakal kintun serat marang ratu ing Israel.” Senapati Naaman nuli bidhal kalawan ngasta pisungsung selaka sepuluh talenta, emas nem ewu sekel lan sandhangan sepuluh pangadeg.


Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg, aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”


Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.


Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.” Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.


Ing sajroning gumuyu ati uga bisa ngrasakake sedhih, sarta wekasane kabungahan iku bisa kaprihatinan.


Bungah-bungaha, heh wong anom, ing sajrone anggonmu isih anom, atimu cikben seneng ing wektu kowe isih anom lan turutana pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu, nanging sumurupa, manawa marga saka iku kabeh kowe bakal katarik dening Gusti Allah marang ing pangadilan!


Aku ora ngalang-alangi mripatku tumrap sakehing kekarepane, sarta aku ora ngampah atiku ing bab apa bae kang disenengi, sabab atiku bungah marga saka sakehing kangelanku, lan yaiku wohing sakehe kangelanku.


Aku banjur mosik ing sajroning ati mangkene: “Apa kang tumempuh marang wong bodho, iku iya bakal tumempuh marang aku. Apa gunane aku iki dhek biyen kadunungan kawicaksanan kang pinunjul iku?” Aku nuli mosik ing sajroning ati, manawa iki uga tanpa guna.


Amarga sapa ta kang bisa mangan lan ngrasakake kanikmatan ing sajabane Panjenengane?


Wong wicaksana iku seneng ana ing omah kang lagi prihatin, nanging wong bodho seneng ana ing gedhong kasenengan.


Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki.


Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku: Ingsun bakal mecoki pagere eri, satemah pakebonan iku entek kapangan, lan temboke bakal Sunjugrugake satemah pakebonan iku kaidak-idak.


Lah sira kabeh kang padha ngurubake geni lan kang padha masang panah murub, padha lumebu ing urubing geninira, lan ing satengahing panah-panah murub kang wus padha sira pasang! Bab iku bakal tumanduk marang sira saka ing astaningSun; sira bakal padha ngaleleh ana ing papan pasiksan.


Pangeran Allah wus ngwengakake talinganingSun lan Ingsun ora mbangkang, ora mengo memburi.


Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh, nyawaku, kowe wis duwe bandha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.


“Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.


Wong sugih mau iya mati lan banjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ing sajroning teleng-palimengan sarta nandhang sangsara iku tumenga, nuli sumurup Rama Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.


Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.


Dadi saikine, heh kowe kang padha duwe ujar mangkene: “Ing dina iki utawa sesuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep lereb ana ing kono setaun lawase, arep laku dagang sarta golek bathi”,


Ing saikine, he para wong sugih, nangisa sarta sesambata marga saka anane sangsara kang bakal tumempuh ing kowe!


Ana ing bumi iki kowe wus urip mukti sarta seneng-seneng. Kowe wus padha nyeneng-nyenengake atimu, kaya ing dina pasembelehan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan