Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 12:2 - Kitab Sutji

2 yaiku sadurunge srengenge lan pepadhang, rembulan lan lintang-lintang dadi peteng, sarta sawuse udah mendhunge padha bali maneh,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 12:2
15 Iomraidhean Croise  

Kacarita bareng Rama Iskak wus sepuh sarta tingale wus blawur banget nganti ora bisa mirsani, tumuli nimbali Esap putrane pambajeng sarta dipangandikani: “Anakku engger.” Ature Esap: “Kula rama.”


Nanging paningale Rama Israel wus lamur marga saka sepuhe, dadi wus ora bisa mirsani kanthi cetha. Sawuse padha dicedhakake ana ing ngarsane, banjur diarasi sarta dirangkuli.


Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula, mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka, saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon, saking ing redi Mizar.


Paduka ingkang murugaken kawula ketaman ing karibedan tuwin kasangsaran kathah, inggih badhe nggesangaken kawula malih, saha ngentasaken kawula saking telenging bumi.


Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf, sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. (Selah)


Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.


Sabab lintang-lintang lan golongane ing langit bakal ora padha nyunarake cahyane; srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek, lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.


Ing dina iku wong-wong mau bakal padha linimputan ing swara kaya gumlegere sagara. Manawa wong ngawasake marang ing bumi, lah ing kono ana pepeteng kang ngrerupeki, sarta pepadhang dadi peteng marga saka mendhung!


Srengenge lan rembulan padha dadi peteng, lintang-lintang wus padha ilang cahyane,


“Sawise sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengenge bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.


Nuju sawijining dina Imam Eli, kang tingale wis lamur lan ora bisa mirsani cetha, pinuju sarean ana ing pasareane.


Imam Eli iku yuswane wus sangang puluh wolu taun lan paningale wus lamur, temah ora bisa mirsa maneh.


Nalika wong mau matur bab pethine Sang Yehuwah, Imam Eli banjur dhawah kelumah saka ing kursine sandhing gapura, temah tugel janggane nuli seda. Amarga wus sepuh tur lema sarirane. Anggone jumeneng hakim lan mrentah wong Israel lawase patang puluh taun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan