3 Manawa mendhung ngembeng banyu udah, udah iku banjur diesokake ing bumi; lan manawa ambruking wit iku mangidul utawa mangalor, wit iku nuli tetep gumlimpang ana ing panggonane ambruke.
Kacarita ing sakedhap netra langit banjur dadi peteng marga saka mendhung kanthi prahara, tumuli udan deres. Sang Prabu Akhab banjur nitih kreta lan tindak menyang ing Yizreel.
Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!
Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?